tugas b.jawa novel



NAMA            : RISKA ANDRIYANI
   KELAS             : XI MIPA 3
 NO.ABS          : 23

NYINAU NOVEL BAHASA JAWA
NOVEL
          Novel yaiku karya fiksi prosa kang ditulis. Novel sifate naratif utawa wujude arupa crita.Wong kang nulis novel diarani novelis. Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta.
            Amarga novel iku awujud karya sastra,mula ing sajrone novel ana unsur-unsur pandhapuke.Unsur-unsur kasebut kabedakake dadi unsur intrinsic (unsur ing njero) lan unsur ekstrinsik (unsur ing njaba).
            Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun novel saka sanjabane novel. Kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggite sawijine novel saka unsur ekstrinsike iku antarane yaiku agama,ekonomi,sosial,pendhidhikan,budaya.
            Unsur intrinsic yaiku tema,paraga,watak,latar/setting,sudut pandang,basa,alur/plot,lan amanat.
1. Tema, yaiku gagasan baku kang dadi underane prakara crita. Tuladhane kamungkasan,kabudayan,kasusilan,lan sesrawungan.
2. Paraga, yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake. Paraga kaperang dadi 3 yaiku protagonis,antagonis,tritagonis.
3. Watak, yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur,lemu,pesek,cendhek,lan sapituture) lan tandha-tandha nonfisik kang diduweni paraga (galak,sumeh,grapyak,pinter,bodho,lan sapituture).
4. Latar/setting, yaiku papan waktu,lan swasana kedadeyane crita. Papan iki bisa ana ing pasar,dalan,sawak,kantor,lan sapanuggalane. Wondene wektu iku ana awan,sore,bengi,esuk.
5. Sudut Pandang/point of view, yaiku posisine pangripta ing crita utawa carane pangripta nyeritakake isine crita. Pangripta  bisa dadi tokoh ing crita kuwi,uga bisa dadi pengamat wae ing njaba crita.
6. Basa, yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake pangripta ing crita.
7. Alur/plot, yaiku urut-urutane kedadeyan ing crita. Bakune crita saka wiwitan nganti teka pungkasan (perkenalan,konflik,penyelesaian). Alur kaperang dadi 3 yaiku Alur maju,Alur mundur,Alur campuran.
8. Amanat, yaiku piweling utawa piwulang luhur kang ana ing sajrone crita,kanga arep diwenehake pangripta marang pamaca.
       

Komentar

Postingan populer dari blog ini

tugas bahasa jawa

tugas b.inggris